tumrap wong liya
ngguyu kuwi werna-werna, nggeguyu awakke dhewe apa dene nggeguyu wong liya
isa uga nggeguyu kahanan sing ngguyokke utawa kahanan sing saya edan
ora mung nggeguyu, kadang kala dadi wong kudu siap yen digeguyu
ana wong sing ngguyune dibatin merga isin
ana sing ngguyune mung lamis, mung ana ing pasuryane wae ananging atine sedhih
ana wong sing ora ngguyu, nanging mung mesam-mesem
ana wong sing ngguyu cekikikan, banjur cekakakan nganti kepingkel-pingkel, angel mandheg
ananging ana wong sing ra isa ngguyu padahal ngguyu kuwi sehat
mula becik yen isa gawe wong liya ngguyu
ning aja waaton ngguyu, ngguyu kuwi kudu empan papan
nek lagi mamah tetedhan sing arep diulu, aja ngguyu terus amarga isa keselak
nek isa aja nganti ngguya-ngguyu dhewe turut dalan, ndak dikira wong edan
urip kuwi mung mampir ngguyu….
ayo dha ngguyu, lha wong ra mbayar
mumpung ana kesempatan
mumpung ngguyu durung dadi barang haram
mumpung durung kiamat
urip kuwi mung mampir ngguyu….
nek isa ngguyu bareng karo Gusti, kuwi luwih prayoga
nek umate isa dha ngguyu ki ya dadi keparenge Gusti ta?
ning dudu ngguyu amarga gumunggung, gumagus, rumangsa bisa lan kuwagang
ayo ngguyu pinangka pangucap sokur, awakke dhewe tansah binerkahan
urip kuwi mung mampir ngguyu…
Artinya kira-kira seperti ini….
Kita hidup di dunia ini diibaratkan hanya mampir tertawa. Kita tertawa karena ada yg dianggap lucu, kalau tidak ada yang lucu tapi kita tertawa itu aneh. Namun juga wajar, karena terkadang yang kita anggap lucu belum tentu dianggap lucu juga oleh orang lain.
Tertawa itu macam-macam, menertawakan diri sendiri atau menertawakan orang lain. Bisa juga menertawakan keadaan yang memang membuat tertawa atau keadaan yang semakin 'gila' seperti saat ini.
Tidak hanya menertawakan saja, kita juga harus siap untuk ditertawakan. Ada orang tertawa hanya dalam hati karena malu. Ada orang tertawa pura-pura, hanya di wajah saja karena hatinya sedih. Ada orang yang tidak tertawa tapi hanya senyum-senyum. Ada orang tertawa pelan-pelan kemudian tebahak-bahak sampai akhirnya terpingkal-pingkal sulit berhenti.
Ada juga orang yang tidak bisa tertawa, padahal tertawa itu sehat. Beruntunglah kita yang bisa membuat orang lain tertawa. Namun jangan asal tertawa, tertawa harus tahu tempat. Jika sedang mengunyah makanan jangan tertawa karena bisa tersedak. Kalau bisa jangan tertawa sendiri di jalan karena bisa dianggap orang gila.
Hidup itu hanya mampir tertawa. Mari kita tertawa, mumpung masih gratis, mumpung masih ada kesempatan, mumpung tertawa belum menjadi sesuatu yang diharamkan.
Hidup itu hanya mampir tertawa. Kalau kita bisa tertawa bersama Yang Memberi Hidup, itu lebih baik. Kalau umat-Nya bisa tertawa, itu pasti atas kehendak-Nya bukan? Tapi kita jangan tertawa karena berkuasa atau merasa lebih hebat dari orang lain. Mari kita tertawa sambil bersyukur karena Tuhan masih memberikan berkah-Nya.
Ayo ngguyu!! Hahaha....